Monday, December 29, 2014

Sambikala Rasa













Semlenget ati ngudar wigati,
Nalika tresna lan murka nyumabrahi,
Miwiti tetaneman kabecikan,
Gegremengan ala tansah kaumbar.
Sliramu, kang ngugemi kaluhuraning wira,
mung pirsa sadengahing raga,
prayoganing tindak tanduk tansah muspra,
amarga lakuning uripmu, mung ngandelke donya.
Sawetaraning urip, sawetaraning rasa,
mung bisa agawe dedongengan kuna,
tanpa ko eling sartaning waspada.
Aku lan laku,
tetep piharsa kasunyatanmu,
Senajan prantara swara,
tanpa katon srawung pirsa.

No comments :

Post a Comment