Wednesday, April 23, 2014

Kabar Legi Bratawali





Kanggo Kancaku kang daktresnani

Dicky Wahyudi
Kampus Universitas 17 Agustus
Semarang

Ora sedelok olehe kita sesrawungan karo deweke. Wis patang taun kapungkur, mulai kelas siji MA nganti kuliah sakniki, rasane kok ora ono bedane. Deweke isih rumangsa egois, durung bisa nrima aku lan kowe dadi kanca kang sejati. Padahal aku wis nglilakna apa wae kang kok karepake, supaya silaturahim iki tansah hayubagya nganti tekan besok tuwa.
Doni, kancamu kang tak critakke iki asale mung anak pinggiran. Deweke bisa sekolah amarga oleh beasiswa miskin kang digagas dening Dewan Yayasan. Aku ya ora nyana menawane wong pinggiran kaya deweke duwe gengsi kang gedhe, ora gelem direwangi apa-apa menawake katekan susah. Kaya ta pas sekolah ngadakke study tour seng butuh urunan kang ora setithik. Aku karo kowe wes karaya-raya ngumpulke duit kanggo ngajak deweke supaya bisa melu acara kuwi, e malah ora dianggep babar pisan. Jarene, "Aku gak butuh mbok kasiani, mengko meroi ana dalane." Rasa mendekel neng ati iki isih krasa, nanging sepadane kanca ya kudu ndukung lan pangerten. Ora urung suwe, Doni oleh duwit kanggo bayar urun. Mbuh saka ngendi dalane aku ya ora paham, tapi jarene deweke nyambi manol neng sawah bakdane mulih saka sekolah.

Kowe ya ora kesupen a, pas lebar pengumuman lulusan Ujian Nasional kae. Deweke bisa gangsar anggone nggarap soal kwi jalaran sapa, kita sing ngrewangi lan ngrencangi nalika sinau kelompok saben bengine tha. Bareng ngerti nek lulus, Doni tansah bungah, lunjak-lunjak seneng, tapi ora mengo blas karo awake dewe. Apa meneh pas deweke kemotan nadzar arep munggah gunung Muria yen bisa lulus Ujian, sapa seng ngancani wektu iku. Aku karo awakmu tha. Nanging piye nalika deweke mimpin donga, mung kanggo hajate Doni rasan, supaya bisa katrima ing Universitas Negeri kang kondang ing kutha. Lah aku karo awakmu mung kebagian amin blaka.
Let telung sasi aku ndungu yen Doni bisa ketampa ing Kampus sing diarep-arep kwi. Jupuk jurusan manajemen, padha kaya awakmu, nanging beda kampus. Jare awakmu seng ngancani deweke menyang Semarang saperlu daftar tes seleksi. Jebule seng katut Doni, dudu awakmu. Kowe malah milih kampus swasta kang ora pati kondang.
Apa awakmu isih nyimpen rasa kuciwa menyang Doni? Apa kowe durung bisa ngapura salahe deweke? Aku mirsani kondisine sakniki mesakke. Lagi tutug semester siji, beasiswane Doni dicabut, deweke tenggengen, stres perkara kwi. Kaluwargane mapag menyang semarang, gawa bali Doni sing tan saya ora nggenah polahe. Sakniki malah deweke dikunjara neng omah, sikile dipasung. Jarene Doni kerep milara bocah-bocah Aliyah nalika arep menyang sekolah. Miris atiku Dik, apa kowe ora ngrasa pada?
Kaya lazime wong stres, Doni uga kerep ngguyu lakak-lakak dewe. Nanging menawane ketemu aku, deweke malah mung mesem. Tapi eseme kuwi legi bratawali, isih pada kaya eseme Doni sing awake dewe kenal. Aku mung bisa ngelus dada karo ngebuk weteng, muga-muga kedadiyane Doni ora nimpa awake dewe.
Dicky, mbok kepriye kahanane Doni, ngono-ngono ya deweke tau dadi kancane dewe. Menawane kowe mulih menyang desa, aja lali mara dolan omahe Doni, tilik dan ajak jagongan. Menawane sepuramu bisa dadi tamba kanggo Doni kang lagi nandang lara jiwa.

Salam kangen saka kancamu,
Wira Nugraha

No comments :

Post a Comment